1. Pandhawa lima, pandhawa kuwi cacahe ana lima , mula terus kaprah diarano pandhawa
lima. Awal muane kuwe saka kurawa kang pingin nyirnakake pandhawa. Kalorone ora
pernah akur, iki sebabe amarga Dewi Gendari kepingin di garwa dening prabu
pandhu dewanata nanging kenang apakok malah diwenehake marang kangmase ? mula
banjur nibakake pangipat – ipat menawa mbesuk saturun – turune baka ana mungsuh
. Paraga
lan watak : puntadewa watake bijaksana, Raden Werkudara watake gagah,
teguh, kuat , Arjuna watake , cerdik, pandai, Nakula watake jujur,setia.
2. Rama lan Shinta , wektu kuwe Rama, Shinta, lan Laksmana agi buru nang alas, ing aas
shinta di incer dening rahwana lan prajurite, rahwana ngongkon prajurite nyamar
dadi kidang , shinta weruh kidang kuwe
lan nyepaki , akhire shinta di gawa dening rahwana ing kerajaan Ngalengka, nang
perjalanan ketemu karo Jatayu, Jatayu berusaha magangi Rahwana nanging gagal.
Akhire Rama , anoman lan para prajurit gawe akal kanggo jemput shinta ing
Ngalengka, lan akhire Rama lan Rahwana gelut , rama jupuk permata kang ana ing
dadane rahwana lan akhire Rama menang, lan shinta di gawa bai marang rama. Paraga lan watak : rama watake
alus, shinta watake manutan, anoman watake waninan, rahwana watake jahat.
3. Punakawan ( semar dewa
subure pertanian ) :ing depok arjawinangun
semar kuwi terkenla wong kang apik , wektu kuwi semar mrentah marang para
petani dikon sedekah kanggo nglancarake panen, lan atur syukur marang gusti.
Banjur semar lan kancane mbungkus awake dhewek karo sawetara kain putih, kanggo
buktikake menawi sodakoh kuwe dianakake jaminane semar sing di bungkus , akhire
warga ngakokan prentah maul an panen.e tambah subur. Merga semar kesuen di
bungkus akhire semar ,ati, lan panenne dadi surem merga iku semar di kenal dewa
kesuburan pertanian. Paraga lan watak
: semar watake apikan, kanvcane semar watake apikan, warga watake manutan .
4. Bima
Bima iku anak nomer loro saka
Kunti lan Pandu . Bima kuwi dikenal
minangka tokoh kuat Pandawa. Wiwit cilik kekuatan Bima ora ana bandingan kanthi
kekuatan, kang asring usil sepupu, ing Kurawa.
Nganti sawijining dina, nalika
Kurawa lan Pandhawa mau padha nyawang ing area kali Gangga, Duryudana ngawula
pangan lan ombenan ing galaksi Bima Sakti sadurunge wis pipis racun. Sakcepete
sawise mangan panganan, semaput, banjur awake Bima di uclake tumuju menyang Kali Gangga dening Duryodana. Sawetara ula nyimpen
dhewe lan madhep raja, yaiku Antaboga.Krungu kabar dikirim dening kang putra,
sing anaké Pandu sing jenenge Bima wis matèni putrané, kang langsung dipun
tampi Bima lan menehi ngombe gaib. Bima ngombe sawetara cacah lan awak dadi
kuwat.
Bima tetep ing panggonan naga
kanti wolung dina. Duryudana sengit krungu kedadean kuwi, banjur Duryudana
kagungan rencana kanggo nyingkirake Bima, sedulur-sedulure lan dewi. Rencana
iki digawa metu nalika Bima, Pandawa
lan ibuné ing panggonan ing
Wanabrata. Kurawa marang Purocana kanggo
nyedhiyani omah penginepan padha sengaja digawe karo bahan kayata lilin supaya cepet murub. Nanging Bima lan Yudistira ngerti rencana kang dig awe
dening Duryodana, banjur Bima langsung marang kang ibu lan sadulur-sadulure kanggo metu tekan panginepan liwat trowongan kang wis digawe dening Bima.Banjur Pandawa mutusaken kanggo pindhah menyang Kampilya, ibukutha
kerajaan Pancahala.
Sawise kadadean kuwi Bima, lan Panhdawa bali marang Ngastinapura kanggo njalok
kerajaan kasebut nanging duryodana ora gelem ngewehake. Pungkasane perang
Barathayudha, para Kurawa mati, di pateni dening Bima.
5.
Dewa ruci
Wektu semono,Ing dhalem padepokan Sokalima,Resi Drona
kelingan
marang Brantasena kang laire wungkusan, kang bisa maujudaken Brantasena duweni
kekuatan lan
gagah perkasa. Ing dhalem pertemuan menika, Resi Drona ngutus Brantasena, yen
dewekke kudu madosi "Kayu Gong Susuhing Angin" ing kawah Candradimuka. Nanging sengkuni ngerti yen Resi Drona lan Branta sena ketemuan.
Pas Brantasena mangkat, Sengkuni metu lan tangklet marang
Resi Drona babagan apa kang di rembug Resi Drona marang Brantasena. Resi Drona mangsuli, apa
sing mau di rembug karo Bratasena. Lan
Drona uga jrumusake Brantasena.
Brantasena ngocar - ngacerke alas. Sak Banjure
wonten buto kaleh kang ngalangi Brantasena, akhire Buto kaleh lan Brantasena
perang, buto mau kalah. Banjur buto maleh rupa dados Bathara Indra lan Bathara
Bayu. Bathara kaleh mau atur panuhun marang Brantasena.
Kangge atur panuwun, Branthasena di
hadiahi, cincin Sesutya Mustika Manik Candrama. Dene fungsinipun Cincin mau
yaiku, ngirangi dasar samudra kang jero lan ombo.
Banjur Brantasena nyuwun pamit marang Bathara
Indra lan Bathara Bayu. Ing padepokan Brantasena tanglet marang gurune, opo kabeh sing kedadean marang
awake, uga Brantasena tangklet meleh babagan ilmu kasampurnaan. Banjur Drona
mangsuli," isih ono syarat kang kaping kalih, yaiku TIRTA PAWITRA
(tirta kesucian) kang ono ing jero
samudra minang kalbu." Banjur Brantasena pamit marang gurune.
Brantasena miwiti nyuwun pangestu dining Dewi
Kunthi. Ananging Dewi Kunthi ora ngrestoni Brantasena. Babagan tekat Brantasena kang kuat, akhire Dewi Kunthi
mewehi restu, lan uga Para Pandhawa ngrestoni
Brantasena. Ing tengah perjalanan Brantasena dak
cegad Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha,
Supayane Branthasena gugurke paniatane. Brantasena tetep maju, perang mboten
saged kahindarake, akhire Branthasena kang menangke pratarungan. Banjur Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag
Moreke lan Gajah Situ Bandha, nyaranke Brantasena kudhu ngati-ati ing dhalem
perjalanan.
Brantasena bacutke perjalanan, sak sampunipun
Brantasena ing tepi samudra banjur langsung nyilem ing dasar samudra, kanggene
tetemu Tirta Pawitra. Ing dasar samudra Brantasena di cegad dening naga kang
gedhene kaya wit pal. Tarung boten saged kahindarke. Ananging Brantasena saged
ngalahke naga mau.
Banjur Dewa Ruci rawuh, lan muji Brantasena, maarga kekuatan lan tekate. Banjur Brantasena nyembah dening Dewa Ruci,lan ngajokane pertanyaan.
"Sepundhi caraning tumuju kasampurnaan ing dhalem urip?"
Banjur Dewa Ruci rawuh, lan muji Brantasena, maarga kekuatan lan tekate. Banjur Brantasena nyembah dening Dewa Ruci,lan ngajokane pertanyaan.
"Sepundhi caraning tumuju kasampurnaan ing dhalem urip?"
Banjur Dewa Ruci ngutus marang Branthasena melebet ing dhalem raganing Dewa
Ruci, manunggal marang Dewa Ruci. Brantasena seneng banget, anyem lan tentrem.
Banjur Dewa Ruci ngendhikan,
"tegese, awakmu wis iso nyikapi tabis marang Gusthi kang maha agung, lan ojo kaged karo sinar kang werna-werni, amergo atimu kang suci."
Brantasena dereng uga mbalek.Banjur Drona sadar marang awake.Banjur Drona nyusul Brantasena. Lan akhire Drona nemukke Brantasena gumletak ing pinggiring samudra. Sak sampuning Drona nyesel lan uga tetemu marang keponakane, lan sumpah arep ngrawat Brantasena.
"tegese, awakmu wis iso nyikapi tabis marang Gusthi kang maha agung, lan ojo kaged karo sinar kang werna-werni, amergo atimu kang suci."
Brantasena dereng uga mbalek.Banjur Drona sadar marang awake.Banjur Drona nyusul Brantasena. Lan akhire Drona nemukke Brantasena gumletak ing pinggiring samudra. Sak sampuning Drona nyesel lan uga tetemu marang keponakane, lan sumpah arep ngrawat Brantasena.
6.
Mahabarata
Mandhita Begawan Abiyasa kuwi Ratu
Ngastina duwe anak telu, Raden Destarastra, Raden Pandhudewanata lan Raden
Widura. Anake ratu Ngestina sing loro cacat. Raden Destarastra mripate wuta.
Raden Widura sikile gejik. Amarga sing madeg ratu Raden Pandhu. Jejuluke Prabu
Pandudewanata.
Prabu Pandhu duwe anak lima lanang
kabeh, mula dijenengi Pandhawa lima. Pambarepe Raden Puntadewa (Yudistira).
Raden Destarastra duwe anak satus dijenengi sata kurawa. Tegese kurawa cacah
satus, lanang 99 lan wadon siji jenenge Dewi Dursilawati. Pambarepe Raden Jaka
Pitana utawa suyudana.
Prabu Pandhu mati nalika Pandhawa
isih cilik-cilik. Mula keprabon Ngastina banjur dipasrahake marang adipati
Dhestarastra minangka Prabu Wakil. Sang Prabu wakil banjur wisuda Raden Jaka
Pitana dadi ratu Ngastina jejuluke Prabu Duryudana.
Nalika Pandhawa wis gedhe, Raden
Punthadewa (Yudhistira) wis dadi ratu ing ngamarta. Najan wis dadi ratu,Prabu
Puntadewa tetep njaluk baline keraton Ngastina. Para kurawa ora ngulungake.
Pungkasane dadi perang gedhe kang diarani perang Barathayudha. Perang rebutan
warisan jalaran padha murkane.
Prabu Duryudana murka ora gelem
mbalekake. Prabu Puntadewa ya murka, wis duwe negara isih kemelikan njaluk
negara warisan. Pungkasane perang Barathayudha, para Kurawa mati kabeh kari
putune siji aran Raden Parikesit.
Sedulur
tunggal embah Kurawa lan Pandhawa ora kena kanggo tuladha. Jalaran
paten-patenan mung amarga rebutan warisan.